Minggu, 10 Maret 2013

BASA NGOKO LAN BASA KRAMA


Supaya gampang disinau, luwih prasaja lan ora nyimpang saka cak-cakaning tatakramane basa ing pasrawungan bebrayan, tataran tutur basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:
1.   Basa ngoko
      Basa ngoko ana loro, yaiku: ngoko lugu lan ngoko alus.

Basa Ngoko Lugu
Basane ngoko kabeh ora dicampuri karma apa dene karma inggil. Basa ngoko lugu biyasane mung diarani basa ngoko wae. Tembung lugu tegese: asli, murni, bares, lan apa anane.

Basa ngoko lugu digunakake :
a.   kanggo omong-omongane bocah karo bocah, kanca karo kanca utawa sapepadhane sing wis kulina utawa akrab srawunge;
b.   dening wong tuwa marang kang kaprenah enom utawa kaprenah anak;
c.   dening bapak/ibu marang anak-anake, ponakane, putu-putune;
d.   dening guru marang murid-muride utawa kyai marang para santrine;
e.   minangka basa jurnalistik ing kalawarti basa Jawa;
f.    minangka basa kasusastran;digunakake kanggo ngrakit paribasan, bebasan, lsp;
g.   digunakake yen wong lagi omongan/rerasan tumuju marang pribadine dhewe.

Tuladha :
·         Merga wis awan, kowe saiki kudu mangan neng kene!
·         Kowe mengko bengi sida turu kene, ta?
·         Yen ora gelem teka dhewe ya ora usah diwenehi.

Basa Ngoko Alus
Basane ngoko dicampuri krama inggil. Basa karma inggil sing digunakake kanggo aweh pakurmatan marang mitra wicara. Tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, panindake, lan barang kaduwekane. Ater-ater lan panambang ora dikramakake.
Basa ngoko alus iku nuduhake basa kang watake raket banget lan alus sarta ngajeni banget marang wong sing diajak omong-omongan,jalaran nggunakake tembung karma inggil tumrap wong sing diajak omong-omongan, lan wong sing diomongne.

Basa ngoko alus digunakake :
a.   kanggo omong-omongane garwa marang kakunge, ibu marang bapak, lan kosok baline;
b.   dening wong tuwa marang sanak kang luwih enom nanging pangkat/drajade luwih dhuwur lan wis kulina;
c.   anak marang bapak-ibune, awit si anak wis ngreti yen ngoko alus iku luwih ngajeni tinimbang ngoko lugu;
d.   dening ibu marang putra-putrane kang isih cilik-cilik, prelune kanggo nggulawentah supaya wiwit cilik bisa ngreti marang tatakramane basa.
e.   kanggo omong-omongan kang ngrembug (ngandhakake) wong liya kang diajeni banget.

Tuladha :
·         Merga wis awan, panjenengan saiki kudu dhahar neng kene!
·         Panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta?
·         Yen ora kersa rawuh dhewe ya ora usah dicaosi.
·         Pak lurah wingi jarene gerah mulane ora sida tindak.

2.   Basa Krama
Diarani basa krama ana loro, yaiku: karma lugu karo karma alus.

Basa Krama Lugu
Basane awujud krama lugu ora dicampuri krama inggil apadene ngoko. Basa iki watake ngajeni marang sing diajak guneman nanging kurang alus. Ater-ater lan panambang kudu dikramakake.

Basa krama lugu digunakake :
a.   wong sapadha-padha kang durung tepung utawa kurang raket srawunge;
b.   ing pirembugan sajroning parepatan, bawa rasa, sarasehan ngenani kabudayan lsp;
c.   ing giyaran pawarta basa Jawa;
d.   kanggo ngrakit karangan ing kalawarti basa Jawa, manawa ora nggunakake ngoko lugu.
Tuladha :
·         Amargi sampun siyang, sampeyan sakmenika kedah nedha wonten ngriki!
·         Sampeyan mangke dalu tamtu tilem ngriki, ta?
·         Yen boten purun dugi piyambak, boten usah dipunsukani.

Basa Krama Lugu
Basane karma alus uga diarani basa karma inggil. Tembung-tembunge awujud karma lan karma inggil. Tegese tembung alus yaiku kanggo rembugan karo wong liya sing luwih diajeni (diurmati). Basa karma alus iki luwih ngajeni lan luwih urmat maneh tinimbang basa karma lugu.

Basa krama alus digunakake :
a.   dening anak marang bapak-ibune, putu marang embah/eyange, ponakan marang pak-bu dhe utawa pak-bu like;
b.   dening murid marang gurune;
c.   wektu andharan marang pandhuwure (kepala kantor lsp);
d.   yen ngadhakake paraga/wong liya kang pantes diajeni/diurmati;
e.   dening sapa bae yen wawan gunem karo paraga sing pantes diajeni awit luwih tuwa, luwih dhuwur pangkate
f.  digunakake dening pranatacara utawa pamedharsabda ing pahargyan, forum sarasehan rikala migunakake basa Jawa.
Tuladha :
·         Amargi sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten ngriki!
·         Panjenengan mangke dalu tamtu sare ngriki, ta?
·         Yen boten kersa rawuh piyambak, boten usah dipuncosi.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar